So Aja

Baca online: cerpen, puisi, naskah drama, surat

0 Komentar 16/06/13 | @ 21.59

KERE MUNGGAH BALE




Nok Sri Mulyani
Saiki uripmu saya mukti
Nyandang nganggo ora nguciwani
Merga saiki wis dadi penyanyi

Nok Sri Mulyani
Gayamu jan kaya selebriti
Mula saiki kowe wes lali
Karo aku sing ndadeake penyanyi

Eling…eling…
Kowe biyen dodol sega kering
Bareng saiki dadi wong kondang
Kowe njur lali karo kahanan
Eling…eling…
Kowe biyen dodol sega kucing
Bareng saiki dadi wong gedhe
Kowe kaya kere munggah bale

Nok Sri Mulyani
Senajan saiki wis lali
Nanging tetep tak dongaake
Muga-muga ora bali dadi kere

Nok Sri Mulyani
Biyen omahmu ora mbejaji
Setan wae mlebu ora wani
Ning saiki wis apik kaya loji

Nok Sri Mulyani
Kowe saiki cidro ing janji
Janjimu biyen ora bakal lali
Karo aku sing ndadekne penyanyi



LAKON KERE MUNGGAH BALE

  1. Sri Mulyani
  2. Narto
  3. Painem
  4. Emak
  5. Asisten

Download

Untuk naskah drama 'Kere Mungah Bale' selengkapnya silahkan download.

Label: